Sunday, February 19, 2012

Referensi Sejarah Jawa

Babad Tanah Jawi itu campursari antara mitos, dongeng, legenda wayang dan sejarah ... 
Jilid 1 Nyariyosakên sajarah wiwit saking Nabi Adam dumugi para dewa, lajêng para ratu ing tanah Jawi wiwit saking Bathara Brama sarta Bathara Wisnu dumugi nagari Pajajaran tuwin madêgipun nagari Majapait. 
Versi Babad Tanah Jawi yang paling lengkap adalah keluaran Balai Pustaka (1939-41), yang aslinya ada di perpustakaan Leiden, Netherland (hadiah dari Pakubuwana VII melalui Dr. Th. Pigeaud).

Kalau mau yang lebih "murni" sejarah [minus gugon tuhon dongeng klenik] dan fokus pada dunia politik Solo, bacaan yang lebih cocok adalah Babad Giyanti (Balai Pustaka, 1937-39) ... jilid 1 Kartasura bêdhah, kraton ngalih dhatêng Sala. Kurasa paling tidak satu copy ada di Radyapustaka. 
Repotnya tidak banyak generasiku [apalagi yang lebih muda] yang fasih dalam bahasa Kawi atau tembang Jawa. Dibawah ini saya kutipkan 7 pada yang pertama yang sudah di-transliterate ke huruf Latin (metriknya Dhandhanggula), biar punya idea ...

  • mêmanise tyas rêsêp migati / ing pangulah mring rèh kasarjanan / anêtêpi ing ugêre / jênêngirèng tumuwuh / sinung têngran budi mumpuni / dera sang amurwèngrat / ngumala sumunu / tumraping jagad lir surya / nyênyunari niskara sèsining bumi / kang nyata lan kang samar // 

  • minôngkaa kastawaning dasih / myang pracihnaning panglingga murda / têrus ing lair batine / marang lumèbèripun / sihirèng Hyang kang tanpa têpi / marma kacèlu dahat / ing tyas amêmangun / wuryaning kanang carita / praja wutah ing rah sinawung kakawin / mahambêk widayaka // 

  • yèku adêging kraton kêkalih / Surakarta lan Ngayogyakarta / Adiningrat pinangkane / turutaning pangapus / anukili ing saananing / pêpèngêtan kadhatyan / pamudyaning ulun / mêmalar sinamadana / barkahira sanggyaning para winasis / ingkang pratamèng sastra // 

  • purwakaning pawarti winardi / nurutakên babad Kartasura / duk wiwit ing jumênênge / Kangjêng Ingkang Sinuhun / Pakubwana kang kaping kalih / nèng nagri Kartasura / bôndha tur abandhu / asugih pratiwa wadya / binathara ing jagad anyakrawati / wibawa paribawa // 

  • tuhu ratu agung ambawani / ing bawana tlatah nuswa Jawa / tanpa petungan balane / pra santana nung-anung / aprakosa maring ajurit / samya sumungku suka / jroning tyas gumulung / andêrpati abipraya / pra kawula ing jro myang jabaning nagri / tan pae anggêpira // 

  • nadyan silih pra bala Kumpêni / kang rumêksa wontên Kartasura / datan pendah panganggêpe / lan wadyabala prabu / dene ingkang para radpêni / sampun lambang prasêtya / pawong mitran tuhu / salami lan sri narendra / marma arjèng praja anjrah ingkang janmi / murah sandhang lan boga // 

  • suprandene yèn sampun pinasthi / apêsipun jayaning narendra / tuhu yèn angebatake / yèku duk praptanipun / parangmuka têmpuh ngajurit / kalawan bôngsa Cina / nadyan wontênipun / ing satru kadi tan gôndra / suprandene kêkês kang para bupati / sirna kamayanira //


Moko/

++++

No comments:

Post a Comment